Posted by : Unknown Minggu, 08 Maret 2015

Sobat kali ini saya akan berbagi tentang pidato bahasa jawa, berikut pidatonya :-)

KARESIKAN LINGKUNGAN

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan
Bapak Ibu guru ingkang satuhu luhuring budi
Ugi mboten kesupen kanca-kanca ingkang kawula tresnani

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Maha Kuasa ingkang kepareng paring rahmad lan hidayahipun saengga kita sedaya taksih saged kempal ing acara punika kanthi mboten wonten alangan satunggal punapa. Shalawat saha salam kita aturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kita tengga-tengga syafa’atipun benjang ing dinten akhir

Kula jumeneg wonten mriki ajeng medaraken babagan karesikan lingkungan. Karesikan lingkungan wigatos sanget tumrap kula panjenengan sedaya. Kedah kita emut bilih lingkungan inggih punika panggenan kangge gesang kita sedaya, saengga kita kedah nguri-nguri lingkugan menika supados dados pagesangan ingkang ayem, tentrem, ugi sejahtera. Njaga karesikan lingkungan inggih punika salah satunggaling upaya ingkan utama kangge nyegah aneka penyakit. Kita minangka warga sekolah, karesikan lingkungan saged kita terapaken ing lingkungan sekolah ingkang kita tresnani punika. Mbok bilih lingkungan sekolah kita resik, kita ugi angsal dampak positifipun inggih punika KBM aman lan nyaman. Karesikan lingkungan sekolah saged dipun tindakaken kanthi cara mbuwang sampah utawa tetuwuhan ing panggenan ingkang sampun dipun sediaaken, ugi numindakaken piket kelas kanthi teratur. 

Cekap sementen atur kawula, mbok bilih wonten kiranging ugi kekhilafanipun kawula nyuwun agunging samudra pangapura.
Wassalamualaikum Wr.Wb  

Demikian contoh pidato yang saya berikan, semoga bermanfaat :-)



Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

Welcome to My Blog

Popular Post

Blogger templates

Diberdayakan oleh Blogger.

Translate

Followers

- Copyright © DAN -Robotic Notes- Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -